Friday, September 22, 2006

Bunga Wijayakusuma : Makna

Sorry, ini bahasa Cilacap-an.
Disadur dari Wikipedia.

Nang crita pewayangan, kembang Wijayakusuma kuwe azimat utawa senjata ampuh Sri Bathara Kresna putra panengah Prabu Basudewa sekang kerajaan Mandura. Kresna kuwe raja sing bijaksana sekang negara Dwarawati. Kembang Wijayakusuma kuwe mung dienggo kanggo ngewangi para putra Pandawa angger agi kedesak.
Kata Wijayakusuma dhewek jane asale sekang rong kata, Wijaya kuwe artine menang, Kusuma kuwe artine kembang, dadi Wijayakusuma kuwe artine kembang kemenangan. Nang crita rakyat, Sri Bhatara Kresna sing nang donya wayang dianggep titisan Sang Hyang Wisnu, kuwe muksa (mati ngilang). Dheweke mbalangna kembang Wijayakusuma nang segara kidul utawa samudera Indonesia pedhek karo pulau Nusakambangan siki. Kembang kuwe dibalangna bareng karo kendaga utawa wadahe. Tutup kendaga sing bentuke bulat kuwe njelma dadi pulau Majeti, terus wadah bagian ngisore dadi pulau Bandung. Loro pulau kuwe anane pedhek karo Pulau Nusakambangan. Konon nang pulau Bandung kuwe anane kembang Wijayakusuma.

No comments:

Post a Comment